Jumat, Juni 10, 2016

124. Solawatan Dalam Rangka Memperingati Isro’ Mi’roj & Golek Ilmu



اَسْتَغْفِرُ اللهْ  رَبَّ الْبَرَايَا * اَسْتَغْفِرُ اللهْ  مِنَ الْخَطَايَا
رَبِّ زِدْنِيْ عِلْمًا نَافِعًا   *  وَوَفِّقْنِيْ عَمَلاً صَالِحًا



Tanggal pitulikur,  Rojab Nabi Isro’
‘king Masjidil Harom, ‘mring  Masjidil Aqsho
Nabi Mi’roj dateng, Sidrotul Muntaha
Ing mongso sewengi, balik menyang Mekkah

Nabi diweruhno, wong-wong kang disikso
Mergo ning dunyane, seneng karo duso
Alloh paring printah, sholat fardhu limo
Kang wajib dilako – ni mongso sedino

Kang disik dihisab, amal rupo sholat
Dadikno bejo ing, dunyo lan akhirat
Biso Nyegah akhlak, elek tur munkarot
Wong ra tahu sholat, pantes sholatono

Eman temen eman, wong sugih ora sholat
Nabi Sulaiman luwih, sugih gelem sholat
Eman temen eman, wong  mlarat  ora sholat
Siti Fatimah luwih, miskin tetep sholat

Isin temen isin, wong ganteng  ora sholat
Nabi Yusuf luwih, ganteng sregep sholat
Isin temen isin, wong ayu ora sholat
Siti Zulaikho’ luwih, ayu tekun sholat

Rugi temen rugi, wong loro ora sholat
Nabi Ayyub suwe, loro tetep sholat
Rugi temen rugi, ‘cah pinter ora sholat
Sayyidina Ali, pinter tekun sholat

Nggolek ilmu iku, prentahe agomo
Wiwit lahir tekan, numpak ing benduso
Wong kang duwe ilmu, ra bakal rekoso
Uripe mulyo ing, akhirat lan dunyo

Mumpung isih enom, sregepo sinahu
Ojo nunggu tuwo, ora entuk elmu
Blajar wektu enom, koyo ngukir watu
Blajar wektu tuwo, koyo ngukir banyu

Ilmu iku tine - mu kanti lelaku
Ilingo syarate, ono nem perkoro
Cerdas tekun sabar, serto duwe bondho
Nasehate guru,  suwe ’jo kesusu

Ilmu nur cahaya, sinar jagad raya
Pepaes sing duwe, Bodhoh salahe dewe
Sergep  rajin tulus, Mungguh Alloh bagus
Nyawang mesti seneng, Ati ora peteng

Ya Alloh kulo nyuwun, ilmu kang manfaat
Gesang mulyo slamet, ing dunyo  akhirat
Ugi nyuwun faham, gampang lancar sehat
Mugi saged nglampa-  hi  dawuh syari’at.

Ya Alloh Gusti mugi, paring pangapuro
Dateng duso kulo,  tiyang sepuh kulo,
Poro guru kulo, lan murid sedoyo.
Yen boten mekaten, dadikno ciloko.

Ya Alloh Gusti kulo, nyuwun pangapuro
Tiyang sepuh kulo,  lan kito sedoyo
Ya Alloh kulo nyuwun, ilmu kang manfaat
Mugi saged nglampahi  dawuh syari’at.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Doa Memulai dan Mengakhiri Belajar – (199)

    a. Memulai Belajar dengan membaca :   رَضِيْتُ بِاللَّهِ رَبًّا, وَبِاْلإِسْلاَمِ دِيْنًا, وَبِمُحَمَّدٍ نَبِـيًّا   وَرَسُوْلاً. ...