Oleh KH Misbah
Mustofa
(Bangilan Tuban)
صَلِّ وَسَلِّمْ دَائِمًا عَلَـى احْمَدَ - 2×
وَالْآلِ وَالْأَصْحَابِ مَنْ قَدْ وَحَّدَ- 2×
IMAM MAHDI
Bakal ono tondo gedhe kang
sepuluh
Ojo lali yen wus teko mundak kisruh
Bakal ono imam adil nguwasani
Dunyo iki ora wani dho medeni
Tentarane ; ulo, klabang,
kolojengking
Semut, jengklong, malaikat,
dho sumandhing
Sopo mbangkang bakal mati
tanpo pluru
Kabeh pluru podho ambles podho turu
Dudu nabi dudu rosul,
julukipun
IMAM MAHDI, nisfu sya’ban
lahiripun
Tahun hijrah ping rongatus
seket limo
Itung dewe umuripun kang utomo
Bakal muncul sangking Makkah
lan tersiar
Malem tanggal sepuluhe wulan
besar
Tahunipun ora ono dho kang
pirso
Nanging bakal ono tondo lan suworo
Akeh lindu bumi malik sa’
isine
Telung bengi geni gedhe ing
wetane
Lintang kukus gedhe ono arah
wetan
Tanggal enom ono gerohono
bulan
Gerohono serngengene tanggal tengah
Wulan poso wongkang sholeh ora susah
Wakilipun wonten songo dho sumebar
Ing negoro kang sa’ dunyo tanpo bayar
Kabeh iku Waliyulloh ingkang agung
Kabeh sangking ‘ajam ugo podho njunjung
IMAM MAHDI
nguwasani peperangan
Hukum qur’an mlaku sarwo kekerasan
Pawa-ane gagah dhampak nanging sedheng
Ing pipine tengen ono andheng-andheng
Rupinipun memper karo kanjeng Rosul
Turun sangking sayyid Husen wayah Rosul
Bungah-bungah sebab ‘adil kang
sumebar
Murah sandhang pangan hinggo
ora bayar
Wong sodaqoh ora ono kang
nampani
Kolojengking ulo ora mbebayani
Skeih kucing podho rukun karo
tikus
Skeih macan ora wani nubruk
wedus
Wongkang jirih dadi kendel,
wongkang medhit
Dadi lumo ora podho
ambethithit
Wongkang bodoh dadi pinter ati
tentrem
Anteng trimo dho ’ibadah
klawan ayem
Ilang kabeh ngombe arak laku
zino
Drengki unek-unek kibir ora ono
DAJJAL
Ing sa’wuse bumi kebak wong ibadah
Alloh nguji opo iman ora
brubah
Dajjal muncul ing kawitan,
koyo-koyo
Wongkang sholeh ngajak taat
Dzat kang Mulyo
Akeh banget wongkang anut
sarwo demen
Nuli ngaku Nabiyulloh goroh
temen
Wiwit iku wongkang ngerti
podho ngadu
Sebab kanjeng Rosul sampun
nate dawuh
Ora ono Nabi maneh ing sa’wuse
Nabi kito Muhammadin selawase
Nuli DAJJAL ngaku dadi pangerane
Wong sa’ jagat printah nyembah
ing deweke
Pawa-ane pendek kebak rambut
kaku
Mripat siwer siji mondhol koyo
duku
Tengah bathuk ono tulisane
KAFIR
Sebab mukmin biso moco nuli
mikir
Sa’ durunge DAJJAL muncul ono
mongso
Tanpo udan tanpo panen telung
warso
Sopo gelem biso mlebu
suwargane
Kang digowo ngalor ngidul sa’
balane
Fitnah DAJJAL nggegirisi
wongkang iman
Yen da’ kuat bakal dadi kafir
pisan
Bakal manut DAJJAL kabeh jalmo
wadon
Kang matane tansah nyawang
dunyo kawon
Alloh bakal nglulu DAJJAL
kanggo nguji
Sopo iku wongkang iman tahan
uji
Bakal njajah kabeh kuto lan
negoro
Liyo Mekah lan Madinah kang
kuncoro
Mesjid Aqso ora biso mlebu ugo
Wus dikepung malaikat kang dho
jogo
DAJJAL biso nggawe asat banyu
kali
Nggawe mili kali asat tanpo
kuli
DAJJAL biso ngana-ake jalu-ane
Sopo bahe wongkang nyembah ing
deweke
DAJJAL printah langit udan ugo
udan
Bumi gundul maleh kebak ing tanduran
Emas perak podho metu podho
anut
Wongkang ora melu DAJJAL podho
mrengut
Sekih syetan podho njelmo
tutur-tutur
Ayo podho melu DAJJAL podho
kufur
Podho mendho buyut embah kang
wus mati
Podho teko ing putune nasehati
Akeh mukmin podho nggebuk anak
bojo
Kuwatire yen dho anut wongkang bodoh
NABI ISA
Yen pestine Alloh teko marang ajal
IMAM MAHDI ora pareng numpes
DAJJAL
Akeh muslim ingkang murtad
dadi kafir
IMAM MAHDI munggah gunung
ngungsi dzikir
Nunggu mandhap ipun nabi
ingkang mulyo
NABI ISA sangking langit
kanthi ngoyo
IMAM MAHDI sa’ balane dadi
kepung
Dining DAJJAL lolos marang
masjid agung
MASJID AQSO, wektu zhuhur ISA
turun
Ing menoro putih sisih wetan
ipun
Kuto Damsyik tindak marang
Masjid AQSO
DAJJAL mimpes arep gedhe ora
biso
Mlayu banter sa’ balane
pungkasane
Dipateni NABI ISA
sa’ balane
Pawa-ane NABI ISA dhampak gagah
Kulitane putih semu abang
mentah
Ambekane podho karo pluru
bedhil
Sopo kafir keno mati modal
madel
Rikat ipun nurut lampah mripat
ipun
Wongkang melu DAJJAL ora aweh ampun
Ing zamane kabeh pujan lan
berholo
Ajur ilang ugo kabeh laku olo
Ora ono wong agomo liyo Islam
Kabeh to-at podho nuju Darussalam
Ora ono fakir miskin nompo zakat
Ora demen opo-opo liyo to-at
Ora ono peperangan wong dho ayem
Kabeh rukun podho seneng ati
tentrem
Tandurane akeh banget pawetone
Koyo zaman NABI ADAM sa’
putrane
NABI ISA nglako-ake hukum
qur’an
Syari’ate NABI kito akhir
zaman
YA’JUJ – MA’JUJ
Ya’juj Ma’juj ora biso luru
dhalan
Ono ingkang inggil ipun muk
sa’ kilan
Ono ingkang tutu nganggo kemul
kuping
Kang sijine kanggo lemek tanpo
guling
Pirang tahun? Ora ono critane
Nuli Ya’juj M’juj bobol mrona
mrene
Anjelajah kabeh bumi
lincak-lincak
Weruh tangan empuk gurih
enak-enak
Kajah kedhe, ulo gedhe, lan
menungso
Kabeh dadi pangan ipun tanpo
nyiso
Kabeh iki ojo ukur nganggo
akal
Tumanjane Qudrat Alloh ora
muhal
Kanjeng NABI ISA ora duwe doyo
Ing akhire nuwun welas Dzat
kang Mulyo
Alloh nurunake uler kang
gemrayah
Khusus kanggo ya’juj ma’juj
kang dho ngrayah
Kabeh mati dho gemlethak, wong
dho bingung
Kuwalahan mendem, gondo nusuk
irung
NABI ISA matheng maneh
kawelasan
Alloh kirim manuk gedhe aweh
pangan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar