Jumat, Juni 10, 2016

126. Solawatan Mengingat Tanda-tanda Kiamat (1)



Oleh KH Misbah Mustofa
(Bangilan Tuban)

صَلِّ وَسَلِّمْ دَائِمًا عَلَـى احْمَدَ  -   2×
وَالْآلِ وَالْأَصْحَابِ مَنْ قَدْ وَحَّدَ- 2×

Mawi berkah asma Alloh ingkang Rohman
Ingkang Rohim welas murah kanugrahan
Kulo ngaturake syi’ir tondo-tondo
Kiamate bumi ajur tanpo kondho

Sampun kathah ingkang wujud kanti nyoto
Songko iku ayo podho toto-toto
Opo bener seliramu podho iman
Bagus olo saking Alloh temenanan

Mergaweyo kanggu syukur lan ibadah
Ojo ngongso luru duwit mundhak salah
Kabeh rizki wus dicitak kang kuwoso
Luwih kurang sangking pesten ora biso

Mumpung durung kasep getun susah maneh
Bakal ono kedadian aneh-aneh
Kaprah gabus podo ngambang ing banyune
Watu item kelem iku sak mestine

Nanging bakal ono gabus podho kelem
Watu item di kon gelem ora gelem
Ono bebek podho nglangi ing banyune
Nanging ngorong arep pedhot goro-ane

Polah rakyat koyo gabah diinteri
Wadon campur gawe lanang tanpo cirri
Endhok cecek podho netes dadi macan
Anak macan dadi ulo dho kluyuran

Alas padhang arang-arang wongkang adang
Kumandhange bumi iki podho ilang
Putra-putri podho wani ing wong tuwo
Ora gubris tutur bener dadi tuwo

Akeh ’alim podho dodol agamane
Akeh wongkang dodol ilmu sa’ payune
Akeh gunung gingsir sangking panggonane
Akeh tanah ambles amblek ing bumine

Wadon macak lanang nuli sebali-e
Adoh ibu bapak kulo imutake
Wirang ilang turut dalan karo hewan
Wongkang ora melu edan dak keduman

Wongkang nyekel laku, bagus agamane
Podho karo nggegem mowo ing tangane
esok mukmin sore kafir dadi kaprah
asal untung laku olo ora wegah

Ono ’alim dadi fasiq, dha’ nggumuni
Wong ibadah bodoh, ora ngrumangsani
Sanak adoh, wongkang liyo dadi parek
Sebab duwit, gotong royong dadi mblerek

Wong khianat dipercoyo, sebalike
Wongkang temen ora kanggo ing dewe-e
Bocah cilik munggah mimbar tanpo saru
Podho nyuling qur’an, nganggep ora kliru

Wus do haji, ‘alim pisan ngumpetake
Haqqe fakir miskin, podho sak enake
Akeh udan salah mongso, esok tandur
Sore panen, nanging wengi podho kufur

Bakal ono luwih wedi podho nggrangsang
Dodol anak mangan ulo ora adang
Bejo beji bejane wongkang dho eling
Dho ibadah moco qur’an kang sumandhing

Bakal ono mongso niro kang setahun
Podho karo sa’ wulane ojo gumun
Sa’ wulane podho karo sa’ minggune
Sa’ minggune podho karo sedinane

Sedinane podho karo sa’ jam kenthung
Sa’ jam podho karo kawul kang diobong
Yen wus ngono wektu kanggo sholat niro
Ojo nganggo rino wengi kang wus cidro

Yen jam rolas, enggal zhuhur najan bengi
Yen jam papat ’ashar najan esok tangi
Yen jam nenem mangrib najan iseh esok
Ugo isyak lakonono ojo ngantuk

Koyo ngono dawuh nabi kang pungkasan
Arep opo yen pengiran ngowah zaman
Wong sholeh dho kapundut akeh lindhu
Ahli Qur’an podho fasiq akeh padu

Esok loro awan mati mati ngaget
Tanpo loro ora wani dho cerewet
Ilmu Islam iki bakal dipunduti
Kanthi mundut wongkang ‘alim ngati-ati

Pungkasane wongkang bodoh ita itu
Aweh fatwa tanpo wedi, luwung watu
Duh Gusti ku najan ngaten namung mawon
Turun kulo paringono iman mathon

Bejo beji bejane wongkang dho eling
Dho ibadah moco qur’an kang sumandhing
Luwih Bejo wongkang kandel wedalane
Esok sore tansah eling pungkasane

Bocah cilik dadi ratu lan wong asor
Oleh pangkat wongkang mulyo manggon ngisor
Pengimaman dipaesi koyo nganten
Akeh anak zino ngombe omben-omben

Ing masjine podho banter suwarane
Kitab qur’an emperih ilang kamulyane
Luru ilmu kanggo nggolek pangkat luhur
Ora kanggo noto awak biso syukur

Wongkang gedhe ora welas ing wong cilik
Wongkang bodoh podho kanggo ancik-ancik
Wong wadone wedi qiblate wong lanang
Dawuh ‘alim da’ diturut lan ditentang

Marang wongkang aris ora podho sungkan
Akeh wadon podho nyekel kuwasa-an
Akeh sanak pedhot akeh wadon gabuk
Akeh rojo pati perang lan pagebluk

Jalmo wadon tumpuk undhung tanpo aji
Wadon seket dirumati lanang siji
Islam iki bakal ngempreih wong monco
Arang kenal pituduhe najan konco

Beja beji bejane wongkang dho eling.
Dho ibadah moco qur’an kang sumandhing
Luwih becik wongkang kandel wedelane
Esok sore tansah eling pungkasane

Ojo dumeh wus dho sugih haji pisan
Dunyo gampang sirno hinggo ora mangan
Ojo dumeh wus dho ’alim lan dho pinter
Akeh bahe wongkang pinter dho keblinger

Ojo dumeh ing dunyane wus dho pangkat
Alloh biso nggawe pangkat dadi minggat
Oh, dulurlu ingkang jembel pagir ugo
Papan luhur isih mengo isih lego

Lebonono ojo podho cilik ati
Ayo tho’at Ing pengiran klawan niti
Nggolek ilmu ojo ngawur yen ibadah
Marek ’alim kang dho ’amal, ojo wegah

Ing ngersane Alloh ora pandhang bolo
Sing sapane ta-at ora bakal malu
Bakal oleh pangkat luhur ra ngungkuli
Wongkang sugih ’alim pangkat kang dho lali

Iku kabeh tondo cilik bumi rusak
Kabeh perlu ngilingake ibu bapak
Yen mripate yen kupinge mbukti-ake
Keno opo ora podho nggate-ake

Bejo beji bejane wongkang dho eling
Dho ibadah moco qur’an kang sumandhing
Luwih Bejo wongkang kandel wedalane
Esok sore tansah eling pungkasane


125. Solawatan Brangkat Menyang Pengajian

Oleh Habib Syech


صَلِّ وَسَلِّمْ دَائِمًا عَلَى احْمَدَ -2
وَالْلألِ وَ الْاَصْحَابِ مَنْ قَدْ وَحَّدَ  -  2


Ayo bareng-bareng brangkat pengajian
Kanti ati seneng moco sholawatan
Ngajak tonggo-tonggo  ngadakke rombongan
……………………. (yen sangune tipis, do dijak urunan )

Ayo do ngurangi nonton televise
Timbang nonton tivi luwih becik ngaji
Ahbabul musthofa wadah kanggo ngaji
Kumpul poro haba-ib lan poro kiyai

Sholat limang waktu ayo podo jogo
Jamaah ing masjid ……….. (madep kang kuwoso)
Ganjarane ...... (sami / dadi) celengan suwargo
Malah biso dadi pitulikur ugo

Yen sholat kesusu ora biso pernah
Rukuk lan sujude ditoto sing pernah
Sing khusyu’ lan khudhur ugo tumakninah
Ngerteni sing wajib lan ngerti sing sunnah

Ayo bareng-bareng mangkat pengajian
Bareng poro haba-ib do nggolek ganjaran
Ahbabul musthofa digawe lantaran
Ati biso seneng moco sholawatan

Lanang karo wadon podo keluyuran
Pamit ing wong tuwo jare pamit ngaji
Ing nyatane malah do pacar-pacaran
Budal – moleh ngaji do bonceng-boncengan

Lanang karo wadon manggon sepi-sepi
Seng senggol-senggolan koyo kebo sapi
Ngono kuwi (= iku) duso nurut poro (=kanjeng)  nabi
Ojo diterusno yen durung dirabi

Ayo poro konco bekti marang (=nang / ning) wong tuwo
Ayo poro konco bekti guru agomo
Ayo poro konco iling pahlawan bongso
……………………………… (kang wus ngurbanake tenogo lan nyowo)

Bapak soho ibu sing nglahirke kito
Kito biso ngerti sebab guru agomo
Berkat pahlawan negoro kito merdeko
Ayo poro konco junjung martabat bongso

Merah putih iku bendero negoro kito
Tulus ihlas iku sifat pahlawan bongso
Welas asih itu sifate wong tuwo
Bapal - ibu didikane guru agomo



124. Solawatan Dalam Rangka Memperingati Isro’ Mi’roj & Golek Ilmu



اَسْتَغْفِرُ اللهْ  رَبَّ الْبَرَايَا * اَسْتَغْفِرُ اللهْ  مِنَ الْخَطَايَا
رَبِّ زِدْنِيْ عِلْمًا نَافِعًا   *  وَوَفِّقْنِيْ عَمَلاً صَالِحًا



Tanggal pitulikur,  Rojab Nabi Isro’
‘king Masjidil Harom, ‘mring  Masjidil Aqsho
Nabi Mi’roj dateng, Sidrotul Muntaha
Ing mongso sewengi, balik menyang Mekkah

Nabi diweruhno, wong-wong kang disikso
Mergo ning dunyane, seneng karo duso
Alloh paring printah, sholat fardhu limo
Kang wajib dilako – ni mongso sedino

Kang disik dihisab, amal rupo sholat
Dadikno bejo ing, dunyo lan akhirat
Biso Nyegah akhlak, elek tur munkarot
Wong ra tahu sholat, pantes sholatono

Eman temen eman, wong sugih ora sholat
Nabi Sulaiman luwih, sugih gelem sholat
Eman temen eman, wong  mlarat  ora sholat
Siti Fatimah luwih, miskin tetep sholat

Isin temen isin, wong ganteng  ora sholat
Nabi Yusuf luwih, ganteng sregep sholat
Isin temen isin, wong ayu ora sholat
Siti Zulaikho’ luwih, ayu tekun sholat

Rugi temen rugi, wong loro ora sholat
Nabi Ayyub suwe, loro tetep sholat
Rugi temen rugi, ‘cah pinter ora sholat
Sayyidina Ali, pinter tekun sholat

Nggolek ilmu iku, prentahe agomo
Wiwit lahir tekan, numpak ing benduso
Wong kang duwe ilmu, ra bakal rekoso
Uripe mulyo ing, akhirat lan dunyo

Mumpung isih enom, sregepo sinahu
Ojo nunggu tuwo, ora entuk elmu
Blajar wektu enom, koyo ngukir watu
Blajar wektu tuwo, koyo ngukir banyu

Ilmu iku tine - mu kanti lelaku
Ilingo syarate, ono nem perkoro
Cerdas tekun sabar, serto duwe bondho
Nasehate guru,  suwe ’jo kesusu

Ilmu nur cahaya, sinar jagad raya
Pepaes sing duwe, Bodhoh salahe dewe
Sergep  rajin tulus, Mungguh Alloh bagus
Nyawang mesti seneng, Ati ora peteng

Ya Alloh kulo nyuwun, ilmu kang manfaat
Gesang mulyo slamet, ing dunyo  akhirat
Ugi nyuwun faham, gampang lancar sehat
Mugi saged nglampa-  hi  dawuh syari’at.

Ya Alloh Gusti mugi, paring pangapuro
Dateng duso kulo,  tiyang sepuh kulo,
Poro guru kulo, lan murid sedoyo.
Yen boten mekaten, dadikno ciloko.

Ya Alloh Gusti kulo, nyuwun pangapuro
Tiyang sepuh kulo,  lan kito sedoyo
Ya Alloh kulo nyuwun, ilmu kang manfaat
Mugi saged nglampahi  dawuh syari’at.

Doa Memulai dan Mengakhiri Belajar – (199)

    a. Memulai Belajar dengan membaca :   رَضِيْتُ بِاللَّهِ رَبًّا, وَبِاْلإِسْلاَمِ دِيْنًا, وَبِمُحَمَّدٍ نَبِـيًّا   وَرَسُوْلاً. ...