Jumat, Juni 10, 2016

127. Solawatan Mengingat Tanda-tanda Kiamat (2)



Oleh KH Misbah Mustofa
(Bangilan Tuban)

صَلِّ وَسَلِّمْ دَائِمًا عَلَـى احْمَدَ  -   2×
وَالْآلِ وَالْأَصْحَابِ مَنْ قَدْ وَحَّدَ- 2×





IMAM  MAHDI

Bakal ono tondo gedhe kang sepuluh
Ojo lali yen wus teko mundak kisruh
Bakal ono imam adil nguwasani
Dunyo iki ora wani dho medeni

Tentarane ; ulo, klabang, kolojengking
Semut, jengklong, malaikat, dho sumandhing
Sopo mbangkang bakal mati tanpo pluru
Kabeh pluru podho ambles podho turu

Dudu nabi dudu rosul, julukipun
IMAM MAHDI, nisfu sya’ban lahiripun
Tahun hijrah ping rongatus seket limo
Itung dewe umuripun kang utomo

Bakal muncul sangking Makkah lan tersiar
Malem tanggal sepuluhe wulan besar
Tahunipun ora ono dho kang pirso
Nanging bakal ono tondo lan suworo

Akeh lindu bumi malik sa’ isine
Telung bengi geni gedhe ing wetane
Lintang kukus gedhe ono arah wetan
Tanggal enom ono gerohono bulan

Gerohono serngengene tanggal tengah
Wulan poso wongkang sholeh ora susah
Wakilipun wonten songo dho sumebar
Ing negoro kang sa’ dunyo tanpo bayar

Kabeh iku Waliyulloh ingkang agung
Kabeh sangking ‘ajam ugo podho njunjung
IMAM MAHDI  nguwasani peperangan
Hukum qur’an mlaku sarwo kekerasan

Pawa-ane gagah dhampak nanging sedheng
Ing pipine tengen ono andheng-andheng
Rupinipun memper karo kanjeng Rosul
Turun sangking sayyid Husen wayah Rosul

Bungah-bungah sebab ‘adil kang sumebar
Murah sandhang pangan hinggo ora bayar
Wong sodaqoh ora ono kang nampani
Kolojengking ulo ora mbebayani

Skeih kucing podho rukun karo tikus
Skeih macan ora wani nubruk wedus
Wongkang jirih dadi kendel, wongkang medhit
Dadi lumo ora podho ambethithit

Wongkang bodoh dadi pinter ati tentrem
Anteng trimo dho ’ibadah klawan ayem
Ilang kabeh ngombe arak laku zino
Drengki unek-unek kibir ora ono



DAJJAL

Ing sa’wuse bumi kebak wong ibadah
Alloh nguji opo iman ora brubah
Dajjal muncul ing kawitan, koyo-koyo
Wongkang sholeh ngajak taat Dzat kang Mulyo

Akeh banget wongkang anut sarwo demen
Nuli ngaku Nabiyulloh goroh temen
Wiwit iku wongkang ngerti podho ngadu
Sebab kanjeng Rosul sampun nate dawuh

Ora ono Nabi maneh ing sa’wuse
Nabi kito Muhammadin selawase
Nuli DAJJAL ngaku dadi pangerane
Wong sa’ jagat printah nyembah ing deweke

Pawa-ane pendek kebak rambut kaku
Mripat siwer siji mondhol koyo duku
Tengah bathuk ono tulisane KAFIR
Sebab mukmin biso moco nuli mikir

Sa’ durunge DAJJAL muncul ono mongso
Tanpo udan tanpo panen telung warso
Sopo gelem biso mlebu suwargane
Kang digowo ngalor ngidul sa’ balane

Fitnah DAJJAL nggegirisi wongkang iman
Yen da’ kuat bakal dadi kafir pisan
Bakal manut DAJJAL kabeh jalmo wadon
Kang matane tansah nyawang dunyo kawon

Alloh bakal nglulu DAJJAL kanggo nguji
Sopo iku wongkang iman tahan uji
Bakal njajah kabeh kuto lan negoro
Liyo Mekah lan Madinah kang kuncoro

Mesjid Aqso ora biso mlebu ugo
Wus dikepung malaikat kang dho jogo
DAJJAL biso nggawe asat banyu kali
Nggawe mili kali asat tanpo kuli

DAJJAL biso ngana-ake jalu-ane
Sopo bahe wongkang nyembah ing deweke
DAJJAL printah langit udan ugo udan
Bumi gundul maleh kebak ing tanduran

Emas perak podho metu podho anut
Wongkang ora melu DAJJAL podho mrengut
Sekih syetan podho njelmo tutur-tutur
Ayo podho melu DAJJAL podho kufur

Podho mendho buyut embah kang wus mati
Podho teko ing putune nasehati
Akeh mukmin podho nggebuk anak bojo
Kuwatire yen dho anut wongkang bodoh



NABI ISA


Yen pestine Alloh teko  marang ajal
IMAM MAHDI ora pareng numpes DAJJAL
Akeh muslim ingkang murtad dadi kafir
IMAM MAHDI munggah gunung ngungsi dzikir

Nunggu mandhap ipun nabi ingkang mulyo
NABI ISA sangking langit kanthi ngoyo
IMAM MAHDI sa’ balane dadi kepung
Dining DAJJAL lolos marang masjid agung

MASJID AQSO, wektu zhuhur ISA turun
Ing menoro putih sisih wetan ipun
Kuto Damsyik tindak marang Masjid AQSO
DAJJAL mimpes arep gedhe ora biso

Mlayu banter sa’ balane pungkasane
Dipateni NABI  ISA  sa’ balane
Pawa-ane NABI  ISA dhampak gagah
Kulitane putih semu abang mentah

Ambekane podho karo pluru bedhil
Sopo kafir keno mati modal madel
Rikat ipun nurut lampah mripat ipun
Wongkang melu DAJJAL  ora aweh ampun

Ing zamane kabeh pujan lan berholo
Ajur ilang ugo kabeh laku olo
Ora ono wong agomo liyo Islam
Kabeh to-at podho nuju Darussalam

Ora ono fakir miskin nompo zakat
Ora demen opo-opo liyo to-at
Ora ono peperangan wong dho ayem
Kabeh rukun podho seneng ati tentrem

Tandurane akeh banget pawetone
Koyo zaman NABI ADAM sa’ putrane
NABI ISA nglako-ake hukum qur’an
Syari’ate NABI kito akhir zaman

YA’JUJ – MA’JUJ

Ya’juj Ma’juj ora biso luru dhalan
Ono ingkang inggil ipun muk sa’ kilan
Ono ingkang tutu nganggo kemul kuping
Kang sijine kanggo lemek tanpo guling
Pirang tahun? Ora ono critane
Nuli Ya’juj M’juj bobol mrona mrene
Anjelajah kabeh bumi lincak-lincak
Weruh tangan empuk gurih enak-enak

Kajah kedhe, ulo gedhe, lan menungso
Kabeh dadi pangan ipun tanpo nyiso
Kabeh iki ojo ukur nganggo akal
Tumanjane Qudrat Alloh ora muhal

Kanjeng NABI ISA ora duwe doyo
Ing akhire nuwun welas Dzat kang Mulyo
Alloh nurunake uler kang gemrayah
Khusus kanggo ya’juj  ma’juj  kang dho ngrayah

Kabeh mati dho gemlethak, wong dho bingung
Kuwalahan mendem, gondo nusuk irung
NABI ISA matheng maneh kawelasan
Alloh kirim manuk gedhe aweh pangan





126. Solawatan Mengingat Tanda-tanda Kiamat (1)



Oleh KH Misbah Mustofa
(Bangilan Tuban)

صَلِّ وَسَلِّمْ دَائِمًا عَلَـى احْمَدَ  -   2×
وَالْآلِ وَالْأَصْحَابِ مَنْ قَدْ وَحَّدَ- 2×

Mawi berkah asma Alloh ingkang Rohman
Ingkang Rohim welas murah kanugrahan
Kulo ngaturake syi’ir tondo-tondo
Kiamate bumi ajur tanpo kondho

Sampun kathah ingkang wujud kanti nyoto
Songko iku ayo podho toto-toto
Opo bener seliramu podho iman
Bagus olo saking Alloh temenanan

Mergaweyo kanggu syukur lan ibadah
Ojo ngongso luru duwit mundhak salah
Kabeh rizki wus dicitak kang kuwoso
Luwih kurang sangking pesten ora biso

Mumpung durung kasep getun susah maneh
Bakal ono kedadian aneh-aneh
Kaprah gabus podo ngambang ing banyune
Watu item kelem iku sak mestine

Nanging bakal ono gabus podho kelem
Watu item di kon gelem ora gelem
Ono bebek podho nglangi ing banyune
Nanging ngorong arep pedhot goro-ane

Polah rakyat koyo gabah diinteri
Wadon campur gawe lanang tanpo cirri
Endhok cecek podho netes dadi macan
Anak macan dadi ulo dho kluyuran

Alas padhang arang-arang wongkang adang
Kumandhange bumi iki podho ilang
Putra-putri podho wani ing wong tuwo
Ora gubris tutur bener dadi tuwo

Akeh ’alim podho dodol agamane
Akeh wongkang dodol ilmu sa’ payune
Akeh gunung gingsir sangking panggonane
Akeh tanah ambles amblek ing bumine

Wadon macak lanang nuli sebali-e
Adoh ibu bapak kulo imutake
Wirang ilang turut dalan karo hewan
Wongkang ora melu edan dak keduman

Wongkang nyekel laku, bagus agamane
Podho karo nggegem mowo ing tangane
esok mukmin sore kafir dadi kaprah
asal untung laku olo ora wegah

Ono ’alim dadi fasiq, dha’ nggumuni
Wong ibadah bodoh, ora ngrumangsani
Sanak adoh, wongkang liyo dadi parek
Sebab duwit, gotong royong dadi mblerek

Wong khianat dipercoyo, sebalike
Wongkang temen ora kanggo ing dewe-e
Bocah cilik munggah mimbar tanpo saru
Podho nyuling qur’an, nganggep ora kliru

Wus do haji, ‘alim pisan ngumpetake
Haqqe fakir miskin, podho sak enake
Akeh udan salah mongso, esok tandur
Sore panen, nanging wengi podho kufur

Bakal ono luwih wedi podho nggrangsang
Dodol anak mangan ulo ora adang
Bejo beji bejane wongkang dho eling
Dho ibadah moco qur’an kang sumandhing

Bakal ono mongso niro kang setahun
Podho karo sa’ wulane ojo gumun
Sa’ wulane podho karo sa’ minggune
Sa’ minggune podho karo sedinane

Sedinane podho karo sa’ jam kenthung
Sa’ jam podho karo kawul kang diobong
Yen wus ngono wektu kanggo sholat niro
Ojo nganggo rino wengi kang wus cidro

Yen jam rolas, enggal zhuhur najan bengi
Yen jam papat ’ashar najan esok tangi
Yen jam nenem mangrib najan iseh esok
Ugo isyak lakonono ojo ngantuk

Koyo ngono dawuh nabi kang pungkasan
Arep opo yen pengiran ngowah zaman
Wong sholeh dho kapundut akeh lindhu
Ahli Qur’an podho fasiq akeh padu

Esok loro awan mati mati ngaget
Tanpo loro ora wani dho cerewet
Ilmu Islam iki bakal dipunduti
Kanthi mundut wongkang ‘alim ngati-ati

Pungkasane wongkang bodoh ita itu
Aweh fatwa tanpo wedi, luwung watu
Duh Gusti ku najan ngaten namung mawon
Turun kulo paringono iman mathon

Bejo beji bejane wongkang dho eling
Dho ibadah moco qur’an kang sumandhing
Luwih Bejo wongkang kandel wedalane
Esok sore tansah eling pungkasane

Bocah cilik dadi ratu lan wong asor
Oleh pangkat wongkang mulyo manggon ngisor
Pengimaman dipaesi koyo nganten
Akeh anak zino ngombe omben-omben

Ing masjine podho banter suwarane
Kitab qur’an emperih ilang kamulyane
Luru ilmu kanggo nggolek pangkat luhur
Ora kanggo noto awak biso syukur

Wongkang gedhe ora welas ing wong cilik
Wongkang bodoh podho kanggo ancik-ancik
Wong wadone wedi qiblate wong lanang
Dawuh ‘alim da’ diturut lan ditentang

Marang wongkang aris ora podho sungkan
Akeh wadon podho nyekel kuwasa-an
Akeh sanak pedhot akeh wadon gabuk
Akeh rojo pati perang lan pagebluk

Jalmo wadon tumpuk undhung tanpo aji
Wadon seket dirumati lanang siji
Islam iki bakal ngempreih wong monco
Arang kenal pituduhe najan konco

Beja beji bejane wongkang dho eling.
Dho ibadah moco qur’an kang sumandhing
Luwih becik wongkang kandel wedelane
Esok sore tansah eling pungkasane

Ojo dumeh wus dho sugih haji pisan
Dunyo gampang sirno hinggo ora mangan
Ojo dumeh wus dho ’alim lan dho pinter
Akeh bahe wongkang pinter dho keblinger

Ojo dumeh ing dunyane wus dho pangkat
Alloh biso nggawe pangkat dadi minggat
Oh, dulurlu ingkang jembel pagir ugo
Papan luhur isih mengo isih lego

Lebonono ojo podho cilik ati
Ayo tho’at Ing pengiran klawan niti
Nggolek ilmu ojo ngawur yen ibadah
Marek ’alim kang dho ’amal, ojo wegah

Ing ngersane Alloh ora pandhang bolo
Sing sapane ta-at ora bakal malu
Bakal oleh pangkat luhur ra ngungkuli
Wongkang sugih ’alim pangkat kang dho lali

Iku kabeh tondo cilik bumi rusak
Kabeh perlu ngilingake ibu bapak
Yen mripate yen kupinge mbukti-ake
Keno opo ora podho nggate-ake

Bejo beji bejane wongkang dho eling
Dho ibadah moco qur’an kang sumandhing
Luwih Bejo wongkang kandel wedalane
Esok sore tansah eling pungkasane


Doa Memulai dan Mengakhiri Belajar – (199)

    a. Memulai Belajar dengan membaca :   رَضِيْتُ بِاللَّهِ رَبًّا, وَبِاْلإِسْلاَمِ دِيْنًا, وَبِمُحَمَّدٍ نَبِـيًّا   وَرَسُوْلاً. ...